KESADARAN
Ranti Maria, dekne kui anak soko pejabat desa ing desa-desaan dewekke sakiki ono ing kelas 2 SMA, bocahe ayu, sugeh, nangeng oraduwe totokromo kaliya wong tuwo, dekne uga sombong marang kekancane. Senengane mbantah, mbolos lan ngelek-ngelek kancane sing gak luweh sugeh tekan awak. Ranti iki duweni pasukan jenenge “MLETE”, anggotane yaiku Ranti, Susi, Mimi lan Tini. Susi, Mimi lan Santi iki sifate uga podo koyo Ranti
“Gaes, dino iki ojo lali lo yo” jare Ranti
“ Loh ono opo Ti?” takonane Mimi
“Loh dino iki kan kene arep ngelabrak Retno” Jare Tini
“Aku wes gak sabar, aku yo mangkel je anake tani kok senengane goleki rai nang guru-guru” Susi ngomong nganti lambene maju-maju
“Ya pancen dekne pinter to gaes tapi, piye to ?” Mimi masang rai gak dunung
“ee mboh Mi, pegel ngomong ambek awakmu” Ranti, Susi, Lan Tini ngomong bebarengan lan masang rai jengkel.
Retno kui anak sing biasa wae, bapak ibune tani senajan anak wonng ora duwe Retno iku duweni unggah-ungguh, pinter, lan disenengi kaliyn guru lan konco kelas. Iku seng gawe Ranti lan konco-koncone mangkel. Padahal yo Retno iku apikan kaliyan Ranti.
Tteetttttttt, bel tondo muleh sekolah wis muni Ranti lan konco-konncone wes siap nyegat Retno neng parkiran. Banjor Retno liwaat, Susi di utus Ranti gowo Retno nang pekarangan guri sekolah.
“Ono opo iki Sus?” jare Retno bingung. Deweke di gandeng sampek pekarangna guri
“hust, menengo. Takon ae koyo dora engko eroh dewe” jawabe Susi nang pekarangan guri wes ono Ranti, Mimi, lan Tini
“ono opo ki?” takone Mimi deweke pancen susah dijak dunungan
“Ya Allah Mi, kesel aku jawab takonanmu” jawabe Tini ambek mbesengut
“Yo wes aku meneng Tin rasedo takon”
“Halah-halah wes menengo!” jare Ranti rodok bengok
“He maksutmu opo? Kok gaya tenan seneng golek rai nang wong-wong” Ranti ngomong karo jongkrokno Retno.
Retno seng kaget, banjur ngadek lan jawab
“Ngomong opo to kowe Ran, ngomong ki sing jelas” bantah Retno
“Rasah macak lugu kowe, Ret aku eroh kowe ngapiki wong-wong lan cedak ambek guru-guru ben aku karo konco-koncoku ketok elek to ben kowe iki disenengi karo wong akeh” bentak Ranti
“Opo to Ran, aku ora ngelek-ngelek jenengmu lan konco-koncomu nang guru-guru!” suarane Retno teges
“Wani yo wesan! Kok wani ngomong banter kowe, gak usah macem-macem” Tini melok omong nang Retno
“Aku iki ora ngono, aku yo kekonco gak tau ngegosip lan ngelek-ngeleki” tegese Retno
“Halah koe iki mong anake Tani, gak pantes duwe konco akeh lan di sayang kaliyan guru-guru!” yo Ranti banjur narik kelambine Retno
“Awas yo, gak usah macem-macem kowe!” Ranti lan konco-koncone bubar.
Retno mong iso nanges, deweke ora eroh opo salahe. Deweke banjur ngadek lan mlayu nang parkiran jupok sepeda ontel sing dikeki soko tanggane, yo mong kuwi sing iso di gae Retno budal sekolah, nangeng Retno tetep bersyukur. Retno banjur mancal sepedahe, dekne ngelamon miker opo seng kedadean mau. BRAK...................!!!!!!!!!! sepedahe Retno di tabrak kaliyan sepedah motor, Retno gak sadar banjur digowo karo wong sing nabrak kui mau, kondisi Retno parah, akeh getih, Retno gak sadar sakbanjure kedadean kui mau.
Isuke Ranti budal sekolah koyo biasane, nangeng suasano kelas beda koyo biasane. Kabeh ketoke kawatir, ono sing nangis Ranti bingung iki ono opo dekne banjor marani konco-koncone
“Ana opo to ki” Ranti takon nang Tini
“Duh Ran, piye iki!” jawabe Tini seng katon kebingungan
“Sekto iki ono opo, alon-alon”
“Iki lo Ran, Retno ketabrak motor banjure kene seneni” jare Mimi kaweden
“Mosok ??? ojo guyonan lo”
“Iyo Ran tnan, piye iki lak Retno kenopo-nopo” jawabe Susi
“Halah, benoae ben kapok. Kene ora sing nabrak kok. Yo ora salahe kene” jawabe Ranti enteng, tapi tekan wajahe ketok yen Ranti iki wedi
Jam pelajaran yo tetep koyo biasane, akeh guru-guru sing wis ngerti keadan Retno, akeh sing nakoni. Iki malah gawe Ranti tambah wedi opo maneh kabare sampek saiki Retno durung sadar, senajan Ranti yo ngesakno kaliyan bapak ibune Retno, tapi atine wis kadong atos, deweke yakin yen Retno kecelakaan ora goro-goro dekne. Banjur Bel muleh sekolah muni, Ranti banjur muleh nang omah tapi Ranti gelisah, kepikiran Retno.
Howo adem ing balunge Ranti, bengi iki hawane keroso bedo karo bengi-bengi liyane sing dirakne Ranti. Dino iki ketepakan dino malem Jumat legi sing jarene wong tuo jaman biyen akeh dedemit kang metu kanggo golek baturan utawi ganggu uwong sing ndue niatan elek.
“ Howone keroso adem tenan “ batine Ranti
“Ran.. Ranti” ono suwara alus sing nyeluk Ranti, Ranti goleki, tapi gak nemokno wujude, suwarane iku muau ndadak ilang dilewati angen lan howo mrinding , Ranti keroso ulu tangan lan gulune podo ngadek.
“waduh sopo kui” batin Ranti sing tansah kaweden. Rasane koyok Ranti ngerti wujude Retno teko adohan, soyo suwe soyo nyedaki, Ranti kaweden pengen melayu nangeng raiso obah, awake Rante gemeter kaweden ngerti wujude Retno sing koyo wong mati.
“Ran aku salah opo karo kowe” takon wujude Retno
“Ran jawab, ono opo kowe karo aku ?”
“Ran...Ran....Rannn.....!!!!!” suarane ujude Retno
Ranti banjur semaput amergo sangking kaweden, ujuk-ujuk teko jobo krungu suara beledek kang gemblegar “BYAR......” Ranti banjur melek lan ndekne sadar lak kedadean kui mau mung ngipi. Ranti ngeroso awake salah lan prihatin maran Retno, sakwise kedadean kui sesoke Ranti ngajak konco-koncone niliki Retno.
“Gaes ???” Ketik Ranti ing grub wane
“Opo ??”
“Ono opo Ran ???”
“kenopo Ran ??” bales konco-koncone Ranti
“Sesok muleh sekolah ayo podo niliki Retno” jawabe Ranti
“Loh ono opo iki Ran ?” takone Mimi
“Aku ngeroso salah sesok aku niliki banjur jaluk seupura nang Rteno” jawabe Ranti
Sesoke Ranti nyeritake ngipi sing dialami karo Ranti banjur konco-koncone wedi lan gelem di jak niliki Retno nang rumah sakit.
“Assalammu’alaikum” Ranti lan konco-koncone
“Wa’alaikumsalam” jawab ibuke Ranti
‘”Niki bu kula lan rencang-rencang bakde niliki Retno, pripun kabare Retno bu ???” takone Santi
“Alhamdulillah ndhuk wingi wes sadar, monggo melebet nak !!!” jawab ibuke Retno
Sakbanjure melebu ing kamare Retno, Ranti lan konco-koncone ngerangkul Retno.
“Retno sepurane ya, gara-gara kedadean wingi kowe dadi ngene” jare Ranti
“Halah gak popo kan kene kabeh kekancan.” Jawabe Retno
“Uwes-wes gak usah podo nanges aku wes nyepura awakmu kabeh”
Bubar kuwi, Ranti lan konco-koncone ora koyo biyen meneh. Sakiki wes ora pilih-pilih konco. Sifat eleke wes berubah kabeh amergo gedadean kui. Teko kedadean kui Ranti sadar yen urep guyup rukun lan tulung tinulung kuwi luweh becik lan gawe urepe ayem.
Nama : Lidya Aisha Putri
Kelas : XII IPS2
No. Absen :14